Didi Kempot – Ati Dondong

Ra maido, kowe pancen ayu
Kinyis kinyis koyo ratu kencono wungu
Akeh priyo sing dadi korbanmu
Mburu tresno ngrusak pager ayu

*)
Kulitanmu putih moblong moblong
Saben mlaku mesti ngegolke bokong
Penganggonmu sarwo amencorong
Ora ngiro yen atimu koyo dondong

Dondong kecut kulite
Daginge legi nyontrot isine
Mau dong cuma duite
Tresnane mung moro bandane

Tego tenan sliramu nglarani liyan
Pingin sugih ngrusak tali bebrayan
Kembang mlati thukule ning pinggir kalen
pingin mukti ning malah dadi ra kajen

reff :
kembali ke *)…kulitanmu…